Dadi Juragan Barang Bekas - Cerkak (cerita cekak basa jawa)

Dadi Juragan Barang Bekas - Cerkak (cerita cekak basa jawa)

Dadi Juragan Barang Bekas

Karepe Mugiman sepele. Mung arep mbiyantu bapake sing thenger-thenger saben ndina merga ora nduweni paitan kanggo dodol terompet.Sanadyan paitan wis ana nanging gunggunge ora sepira. Isih cupet . Kudu dimangerteni yen gawe terompet mbutuhake paitan maneka warna. Saka dluwang werna-werna rupane, kerdhus tumeka lim.
Dluwang wis cemepak sak jogan ruwang tamu. Tumpekan dluwang sing mengkilap ulese maneka warna turahan setahun kepungkur isih isa digunakake. Lem saka pathi kanji ya wis cemepak. Sak wektu-wektu mbok Yekti gelem nggawe.
“Kerdhuse mepet ya Pak?” Mugiman banjur alok bapake sing katon rikuh. Minangka wong tuwa sajake ora patrap yen terus-terusan ngupadaya Mugiman.
“Sekolahan ketoke ana kerdhus akeh Pak. Aku wingi ditawani Pak Kepala Sekolah,” kandhane mbukak bruwete pikir. Antara percaya lan ora, bapake perlu negesake.


“Kok apik temen kepala sekolahmu Mug?”
“Ya iku merga aku nate dadi juara kelas Pak. Sak liyane kuwi uga dadi juara karate nalika Porseni tingkat kecamatan,” wangsulane ethes kaya-kaya wis disiapake. Lik Min kaget.
“Kapan kerdhus-kerdhus mau isa mbok jupuk? Kerdhus wis ora kaggo tenan ta?” bathuke bapake isih pating mengkerut.
“Tenan Pak, bapak kepala sekolah nawani kaya mangkono merga pirtsa yen awake dhewe bakulan terompet,”
Lik Min manggut-manggut mantep. Bubar sarapan Mugiman njranthal tumuju sekolah. Kebeneran sekolah lagi prei. Sanadyan prei bapak kepala sekolah piket. Dadi Mugiman ora kecelik.
Tekan ngarep lawang, kepala sekolah sing grapyak gage-gage nemoni Mugiman. Eseme sing nentremake ati diumbar.
“Sida golek kerdhus Mug?”
“Saestu Pak, saestu,”
“Lha endi wadhahmu?”
“Kula bentel lajeng kula sunggi menapa mboten kiyat to Pak?” semaure sak kecekele. Pak Kepala sekolah gedheg-gedheg.
“Ah, mesaake sirahmu. Yen kentepan kerdhus malah kelong pintere lho,” guyone kepala sekolah. Mugiman mlengeh.
“Luwih becik bapakmu diaturi rene. …Gudhang ya ana gerobak cilik, isa mbok gunakake,”
“Matur nuwun Pak, matur nuwun sanget.” Mugiman sing entuk kawigaten kang omber rumangsa kudu sumringah atine.
Mugiman lan lik Min mbongkoki tumpukan kerdhus ana ing ruwang kepala sekolah. Pirang-pirang bentel. Loro-lorone gembrobyos. Batine Lik Min, kok akeh temen kerdhus sing sing diparingake.
“Kerdhus-kerdhus niku pun pundhut menapa pun paringaken Pak?” pitakone lik Min lugu.Pak Mus, kepala sekolah mung gemujeng.
“Pun paringaken… Kangge hadhiah Mugiman kemawon. Sekolah dereng saget maringi hadhiah ingkang pantes kangge Mugiman. Menika kangge bonus.,” Pak Mus ngajak guyon. Lik Min klecam-klecem. Batine, hadhiah kerdhus iki yen diregani dhuwit isa kepetung luwih seketan ewu. Petengan jumlah sing isa ngurangi rekasane bapake.
Luwih sak jam olehe ubeg ana ruwang kepala sekolah, bacute loro-lorone pamitan mulih.Mesthi wae ora lali ngaturake matur nuwun marang kepala sekolahe.
“Dadi wong pinter ya ana rejekine ya Mug?”

Download selengkapnya disini

Pengarang : Drs Budi Wahyono
Guru SMK Negeri 7 (STM Pembangunan Semarang)
Jln. Simpanglima, Semarang 50241


Share this:

Disqus Comments