Cerkak - Jaka Budhug

Cerkak - Jaka Budhug

Jaka Budhug

Prabu Brawijaya, raja Majapahit, kagungan putra selisih Raden Harya Bangsal kang ngganteng. Sang Prabu Ndawuhi sowan putrane.
“Bangsal, kayane saiki wis wektune kowe karma, piye? Apa wis ana ancang-ancang?” ngendikane Sang Prabu.
“Nyuwun duka, Rama. Ing manah dereng wonten krenteg.”
“Lho, kok ngono, anakku?”
“Kulo taksih kepengin necep ngelmu. Langkung-langkung ingkang wonten njawi rangkah, inggih punika wonten ing sabrang.”
Sang prabu banger dukane. Panjenengane ora nayogyani bab iku. Kudu nindakake dhawuhe raja yaiku karma. Wusanane Bangsal mlayu saka kraton. Tekade wis kepleng ninggal kraton. Bengi iku kawitan njajah panggonan sing during tau diambah.
Saking ora kerumate awake marga mung niyate ninggal kraton, awake dadi gudhigen lan gandane ora enak, amis. Mula, banjur katelah jenenge Jaka Budhug.
Lakune sangsaya adoh nganti tekan desa Dhadapan. Ing desa iku ana Mbok Randha. Gandheng mesakke, Jaka Budhug dijak manggon ing gubuge Mbok Randha.


Nalika Jaka Budhug kepengin ngombe banyu klapa, Jaka Budhug nembung Mbok Randha. Mbok Randha ngentukake. Erame Mbok Randha, Jaka Budhug ora menek, nanging mung ngranggeh papah godhonge. Sawise iku godhong-godhonge dibuwang, sing dipurih mung blukange. Blukang iku dienggo teken sing dijenengake Luh Gadhing. Blungkang iku kaya wesi kuwate.

Pijuju Raja Puhan nganakake sayembara. Sapa sing nyigar watu sing ngalang-ngalangi bendungan ing kali Sawur bakal dijodohake karo putrid Nawang Wulan.
Mbok Randha mangkat ngajak Joko Budhug. Nanging tekan ing panggonan Jaka Budhug padha diina amarga awake kuru, kebak gudhig, kaya wong lara budhugen. Tanpa keyana watu iku disabet nganggo blukang, pecah sanalika. Dumadakan banyu mili, binarung surake wong-wong.
Bengine Raja Puhan ora kepenak penggalihe. Nawang Wulan rak ora memper entuk jodho bocah kaya ngono. Esuke Raja Puhan nimbali Patih, “Patih, apa kowe ngerti apa sing lagi dakpenggali?”
Patih ora semaur, dhewekke mung manthuk.
“Jaka Budhug sing awake gudhigen kae kudhu diresiki. Nganti babar pisan ora kethok gudhige,” ngindikane Raja Puhan.

Patih budhal ngajak Jaka Budhug, nanging patih tumindak nyleneh. Jaka Budhug dipredaya. Sang Prabu kaget, nanging seneng. Wusanane dianaakke upacara gedhen. Mung erame, nalika mayite Jaka Budhug dilebokake luwang, mayite saya dawa. Ora let suwe ana swara ing awing-awang, yen Nawang Wulan pancen jodhone.
Kanthi sedhih penggalihe Raja Puhan, Nawang Wulan diprejaya, mayite dikubur bareng Jaka Budhug. Sang Prabu dhawuh mindhah kuburan ing tlatah sing dhuwur amrih ora kebanjiran.

Sumber :Yudistira

Share this:

Disqus Comments